Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi
91

trutul ireng-ireng", diplèsèdaké kang ateges metu, endogé awudjud uler".

  1. Aku wis saminggu ora kopèn. „Kopèn" lumrahé ateges: kerumat. Ing ukara bléndéran iku ateges: ngombé wédang kopi.
  2. Apa kowé arep ngombé kopi ? Kopi" ateges,,wédang-kopi", diplèsèdaké kang ateges,,bangsané gendul".
  3. Wédang-kopi iku ana ing mripat marakaké reged. Mesti baé, manawa wédang-kopi iku diesokaké ing mripat. (Ora diombé).
  4. Andak kowé jèn ngombé wédang-tèh bisa turu ? Ora bisa! Ngendi ana wong lagi ngombé kok bisa turu!
  5. Sing sapa ketiban durèn mesti bakal sugih. Maksudé: sugih tatu, akèh tatuné.
  6. Kowé nedya ngalap wanita, mestiné ora sawanita-wanitané, nganggo milih. Tumrap kowé, wanita ,,sugih ala" karo ,,ora duwé aju", endi sing kopilih ? Emoh kabèh! Wanita,,sugih ala" tegesé akèh banget alané, mestiné babar-pisan ora kasinungan ,,apik". Hla wanita sing ,,ora duwé aju", mung duwé ala tok, babar-pisan ora ana ajuné, sapa sing gelem ngalap ?!
  7. Apa kowé bisa mènèk krambil ? Ora! Jèn ngentjiki krambil aku bisa. Nanging jèn mènèk gluguné (wité), aku wis kulina banget.
  8. Djaréné kowé karem 'djangan-menir, apa njata ? Ora! Jèn djangan djagung-nom, aku pantjèn karem banget. Djangan tugelan-beras (menir), aku babar-pisan ora dojan. (Ing basa lumrah, djangan-menir = djangan djagung-nom).
  9. Dikir ora ana gunané, donga ngebot-eboti. Ing basa bléndéran, tembung,,dikir" ditegesi,,wedi satakir" (tembung wantjahan). Tembung,,donga" ditegesi,,wadung sanga". Mesti baé, wedi mung satakir ja ora ana gunané. (Hla dianggo apa?!) Wadung sanga, mesti ngebot-eboti.
  10. Lan sapanunggalané. Basa bléndéran iku sok dianggo tjangkriman, djenengé ija tjangkriman bléndéran, lan tjangkriman bléndéran iku tarkadang sinawung ing tembang. (Ndelenga Ngéngréngan Kasusastran Djawa djilid I tjap-tjapan kaping IV katja 84-86). Basa bléndéran bisa mahanani gumjeg, gajeng lan lutjuning gunem; dadi ija kalebu rerengganing basa. Sarèhning sipaté basa bléndéran iku bisa mahanani gumjek gajeng lan lutjuning gunem, 'sing mesti migunakaké base bléndéran jaiku dagelan.