Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi
92

Wong-nom guneman karo wong-tuwa, manawa migunakaké basa bléndéran kalebu nerak tata-krama.


BAB XIII. BASA PEPRENÉSAN.

 Basa peprenésan iku tetembungan utawa unèn-unèn kang digawé-gawé, lumrahé ngemu surasa pamiluta utawa meméntjut.  Wong nglairaké basa peprenésan iku adaté darbé sedya ,,nudju prana" marang wong kang ing wektu iku pinudju ana ing satjedaké. Maksudé, supaja wong iku bisaa katuwuhan rasa seneng kang tundoné bandjur katetangi rasa-pangrasané ,,sihtresna" marang wong sing nglairaké basa peprenésan mau.

 Basa peprenésan iku njedaki tetembungan tjremedan utawa lékoh. Tumrap wong sing alus budiné lan sugih wewéka, njirikmarang basa peprenésan. Ngutjapaké manèh gelema, krungu baé wis ora seneng. Matja buku-buku kang isi basa peprenésan ora wegah, mung mligi kanggo ngganepi pepaking kawruh kasusastran.

 Basa peprenésan sok keprungu ana ing pasrawungan, kanggo patjalaton lumrah. Nanging sing luwih adakan, keprungu ana ing tjakepané tembang lan lelagon kang kanggo nggérongi gending, luwih-luwih ing pérangan kang diarani umpak-umpak lan senggakan.

A. Basa peprenésan padinan.


 Basa peprenésan padinan (kang diutjapaké kanggo patjalaton), lèrègé ngandut maksud ,,sembrana pari-kena". Wong sing ngutjapaké darbé pangangkah marang bab kang dilairaké; nanging supaja ora ngatarani, panembungé kanti sesembranan. Ing lair, panembungé sadjak api-ora, sadjatiné nijat temenan.
Tulada:

  1. Jèn (barangku) nedya kotuku, aku ora olèh; nanging jèn kodjaluk, malah dakwènèhaké kabèh. (Unèn-unèn iki bisa ngandut maksud sing djero).
  2. Dodolané rokok larang, nanging meksa dakserang (meksa daktuku), wong sing dodol ora kalah aksi karo Rara Mendut.
  3. Djarité baé larang regané, apa manèh bakulé; méndah gedéning pepanggilé. Prija sing guneman mangkono iku (ana ing sangarepé wanita bakul djarit), ing lair nedya tuku djarit, nanging sadjatiné nijat ngalap bakulé.

Pepanggil = pandjaluké wanita marang prija kang ngadjak bebrajan urip; jèn prijané saguh minangkani, wanita iku ija gelem manut-miturut.
 Wong atindak ,,sembrana pari-kena" iku tarkaḍang bisa kaleksanan kang sinedya, manawa wong iku pantjèn agawé panudjuning atiné wong kang ditudju-prana. Nanging tindak