Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/92

Kaca iki wis divalidasi
93

,,sembrana pari-kena" iku jèn ora tiba kebeneran, sisip-sembiré tampa pepisuh resik patjerèn temenan, nandang wirang. Mulané wong sing alus budiné lan sugih wewéka, ngedohi tindak sembrana pari-kena", ngemohi basa peprenésan.

B. Basa peprenésan ing tembang (gérong).
  1. Senggakané tembang Pangkur ing gatra kang kalima (tumrap sawenèhé lagu): Ora susah koliwetké, waton alus gelungané; ja nduk.
  2. Senggakané gending Orèk-orèk motor-mabur: Gendulak-agendulik, apa sida apa ora.
  3. Sawenèhing tjakepané lelagon ,,Suwé ora djamu”. Suwé ora djamu, djamu godong suruh. Suwé ra ketemu, temu pisan ngadjak rusuh.
  4. Senggakané Sinom Paridjata: Ing-ing golèk tanding lentjir-kuning. Ing-ing danar-danar dénok kuning.
  5. Senggakan kang sinawung parikan: Njangking èmbèr kiwa-tengen. Lungguh djèdjèr tamba kangen.
  6. Parikané Ulerkambang (ing gatra kang mèh wekasan): Pipimu kena dakdumuk; dakdumuk nganggo langes, nora saru mandar luwes.
  7. Parikan ing bebukané Pangkurlamba: Kembang gedang, mantèn wédok nggodog wédang. Wédang ndjomplang, ketungkul njawang sing lanang. Utawa: Kembang gedang, mantèn wédok ngratjik wédang. Wédang ndjomplang, kebandjur njiram sing lanang.

 Wong sing betjik bebudèné, mesti ija betjik tindak-tanduké lan betjik gunemé. Nembanga, ja mesti milih tjakepan sing betjik. Nggéronga, njenggakana lelagon gending, ja nganggo tjakepan sing betjik. Tjakepan kang isi pituduh betjik, kang amot pitutur, kang salaras karo djamané, jaiku djaman pambangunan".
 Ing djaman pambangunan, tembang lan gérong uga kudu dibangun. Ora ngemungaké laguné baé, tjakepané ija prelu dibangun. Tjakepan kang isi basa peprenésan, tetembungan lékoh utawa tjremedan, sing bisa nenuntun marang rusaking aklak, diganti. Gantiné sing isi pitutur utawa pituduh kang murakabi ingatasé pambangunan.
 Tulada warna pitu ing duwur iku upamané, tjakepané kena diganti mangkéné :

  1. Adja watak ngendé-endé, betjik trus tumandang gawé, ja lé.
  2. Sepia marang pamrih, di ramé tumandang gawé.