Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/93

Kaca iki wis divalidasi
94
  1. Lir ketiban ndaru, begdja kemajangan. Dèn mempeng sinau, mrih rantjaging pambangunan.
  2. Ing-ing, adja nglokro mempeng maning.
  3. Manuk glatik mabur duwur. Tindak betjik budi luhur.
  4. Bektia ibu pratiwi, mempeng ngudi ngèlmi, kinarja mbangun nagari
  5. Kembang gedang, sumangsang warnané abang.

 Botjah lanang, wadjib tumandang ,,berdjuang".
Panunggalané tembang-tembang kang tjakepané nganggo basa peprenésan, kajata :

I. Kinanti.
  1. Kinanți panglipur wujung, rerenggané prawan sunți, durung pasah dojan nginang, tapih pindjung nging mantesi, méndah baja jèn diwasa, bumi-langit gondjang-gandjing.
  2. Leléwané gawé gandrung, kintjangé alis wèh brangti, ulat galak nggugah brangta, liringé angasmarani, wiraga mawèh wigena, ngudjiwaté milangoni. (Pm).
II. Dandanggula.

 (Pétruk sing nembang, Garèng njanțulani).
Banuwati rupané ju-manis, béndjang lamun Sujudana séda, sajekti sun pondong déwé. (Garèng: ,,Ora bakal klakon sedyamu! Dadia randa pisan, mangsa gelema Banuwati koalap!") Kalamun datan purun, sun réwangi apati-geni. (Garèng ,,Patigenia nganti awakmu kuru-aking, mangsa klakona sedyamu. Tjekaké salawasmu ana ing donja, ora bakal klakon bisa tetemon karo Banuwati".) Jèn tan panggih nèng donja, nèng akérat bésuk. (Garèng: ,,Nèng akérat saja ora bisa klakon tetemon; hla wong Banuwati ana ing swarga, kowé ana ing nraka".) Nadyan kawula nèng nraka, mbokmanawa Banuwati amèk geni. (Garèng: ,,Amèka geni kaé rak ja kongkonan baturé".) Batur-batur lumajan. (Garèng: ,,Wé hla! Djebulané toging endon Wemung trima mondong batur baé !").

III. Sinom.

 Béndjang jèn ingsun palastra, jwa kokirim mbang telasih, kirimen lajoning sekar, jwa kokubur anèng bumi, kuburen kasursari, lurukana sutra wungu, jwa komaèsi séla, maèsana asta kuning, tangisana Palaran lan Paridjata.

IV. Dandanggula.

Ajam tjemeng ingkang mubal putih, simbok ngantèn mandega sadéla, kinarja tulak brangtané, nutu pari nom tanggung, simbok ngantèn pipiné ramping, gebjog malang nèng dalan,