Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi
97

 Tulada:

  1. Kudu, manawa dikandakaké ,,ora kena ora" utawa ,,adja tau ora", bandjur dadi basa rinengga. ,,Ora kena ora", tegesé: jèn ora, ora kena. Kenané ,,ja". Adja tan-ora" tegesé: adja ora-ora", utawa: adja ora. Maksudé: kudu ,,ja". ,,Ora kena ora" utawa ,,adja tan ora" lumrah disarodja karo tembung ,,kudu", dadi bandjur muni: Ora kena ora, kudu..... Adja tan ora, kudu......
  2. Tandangé kaja bantèng ketaton. Manawa unèn-unèn iku tembungé sawatara diganti tembung Kawi, bandjur dadi basa rinengga, sanadjan tegesé pada baé karo sing nganggo basa lumrah.
Tandangé kaja bantèng ketaton. Iki basa lumrah.
Tandangé kadi andaka kanin. Iki basa rinengga.
Tetandingan
Basa lumrah. Basa rinengga.
1. Teluk. 1. Asrah bongkokan.
2. Sadéla banget. 2. Sakedèp nétra. Utawa: Jèn nginanga abang, idua durunorung asat.
3. Salumahing bumi, saku-rebing langit. 3. Kang kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa.
4. Pasrah pati-urip. (Pasrah djiwa-raga). 4. Kumureb ing abahan.
5. Prakara iku adja kopikir manèh. 5. Prakara iku sisihna baé.
6. Ditundung kanti tjara sija. 6. Ditjutat kaja tjatjing.
7. Surasané lajangmu wis dakngretèni. Tetandingan. 7. Surasané lajangmu wis dakdada.
8. Ajo rembugan adu-arep, adja grundelan ana ing buri. 8. Enja dada, endi rai.
9. Wé hla! Sida dakgebugi, kowé! 9. Wé hla! Mangsa wurùnga krasa ing tanganku, kowé!
10. Aku krungu kabar kang durung karuwan njata lan orané. 10. Aku krungu tembang rawat-rawat, udjaré bakul sinambéwara. _

Panunggalané basa rinengga:

  1. Ngrepèpèh² pinda sata manggih krama.

Unèn-unen iku diarani ,,pepindan" mawa basa rinengga,