Kaca iki wis divalidasi
98
isiné bab tjandra, jaiku tjandrané: wong kang tindak-tanduké sadjak mendak-mendak, katon andap-asor semu ngasih-asih.
- Madjua sajuta ngarsa, saketi wuri. Iku diarani ,,ukara sesumbar" mawa basa rinengga. Maksudé: nantang supaja dikrojok. Jèn basané sing lumrah aku krojoken (sing akèh kantjamu ngrojok).
- Gagah kedjibah, mingkuh ketempuh. Iki diarani ,,paribasan" mawa basa rinengga. Maksudé: kepeksa kudu nindakaké, amarga wis kebandjur saguh.
- Lir tinubruk ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat. Iki diarani ukara pepindan mawa basa rinengga, isi panjandra, jaiku tjandrané tandangé wong kang gugup-gurawalan, amarga atiné trataban banget.
- Kadjondjang sumangga asta, katigas sumangga djangga, katuwek sumangga djadja. Iki diarani ukara asrah djiwa-raga, maksudé : badé dipunpunapakaken sumangga, ndèrèk kémawon.
- Mata-mata kapèn, kaja kowé kulup Premadi. ,,Mata-mata kapèn" ukara pepindan, tegesé lugu: mripat kaling-kalingan. Maksudé rumangsa samar (panduluné), mulané takon „Kowé apa Premadi, kulup ?”
Kapèn = lingga apé + ater-ater ka + panambang an.
Apé = aling-aling, rana (Walanda: schutsel). Kapèn = kaling-kalingan. - Marmane djeneng sira adoh ingsun awé, tjedak ingsun raketaké,...............
Adoh ingsun awé = dak-undang.
Tjedak ingsun raketaké = dakkon mréné, njedak. - Nadyan akèh kawulaningsun kang sakepel sisih rerawisé, kang pinangku djedjénggoté, nanging ora ana kang pantes ingsun adjak imbal-watjana ngrembug ruwed-rentengé pradja, kadjaba amung sira kang bisa mbubuti ing arungkud, madangaké ing apeteng.
Sakepel sisih rerawisé, pinangku djedjénggoté = maksudé wis tuwa, dadi wis akèh pangalamané.
Ruwed-rentengé pradja = prakara sing ndjalari ora tatatentremé nagara.
Mbubuti ing arungkud, madangaké ing apeteng = njirnakaké kang ndjalari rusuh lsp. - Tédja-tédja sulaksana, tédjané wong anjar katon. Wingking pundi kang pinangka, ngadjeng pundi kang sinedya; tigas kawurjan, sinten sinambat ing wangi?