Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi

Tédja = sorot (sebutna dasanamané 5 engkas !) (Su)laksana - laku, mirib (indonesia : laksana = seperti).

Tédja-tèdja sulaksana = kang mawa tjahja sumorort kaja tèdja, jaiku satrija bagus. Anjar katon = tigas kawurjan = durung tau sumurp, durung tepung. Wingking pundi kang pinangka = asalmi saka ngendi? Sinten sinambat ing wangi = nama sinten?, Sinten nama sampejan? (wewangi = kekasih, peparab, djedjuluk, arum-arum, djeneng, selisih). sinten sinambat ing rum?

10. Paran karsanta, dènè djeneng para sumengka pengawak bradja, sowan ing ngarsaningsun datan mawi ingsun timbali? Paran karsanta = apa karepmu. (panambang ,,ta" saka tembung ,,kita", teges ; kowè).

Sumengka = munggah, tumrap panah ditembungakè ,,sumengka", sabab dunungè bangsa luhur diumpamakakè ,,sumekngka", sabab dunungè bangsa luhur diumoamakakè ana ing duwur. Pasowanan ing kraton (sitinggil), dunungè pantjen ija duwur.

11. Sèwu begdja kemajangan. sèwu begdja = begdja banget. Kemandjangan = begdja banget. Dadi : sèwu begdja kemanjangan, kalebu ukara sarodja, tegesè : luwih dèning begdja banget, Manawa dienggi ing bebukanè tjakepan Ulerkambang, diwuwuhi ,,sekar putjang" sangarepè, dadi bandjar muni :

Sekar putjung, sèwu begdja kemajangan. (sekar pudjang = majang).

12. Tri madwa tjandra = telu-tengah sasi. (Wilangan sidji tekan sapuluh : eka, dwi, tri, tjatur, pantja, sad, sapta, asta, nawa, dasa).

13. Kèmengan = basanta, tjandra, sasi, sitèngsu, sasangka, sasadara, sitaresmi, sitakara, lèk.