Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi

- 40 -

Karta Jlagra sumambung : "Abdi dalem boten saged ngginakaken arta peparing panjenengan dalem. Arta gangsal atus ringgit telas kula anggé ngabotohan, awit kula boten saged among dagang. Samenika kula trimah jlagra kémawon".

Karta Greji matur : "Abdi dalem kawula mekaten ugi. Abdi dalem ajrih ngginakaken arta peparing panjenengan dalem. Samangké arta taksih wetah, amargi namung kula pendhem. Sumangga katur kondur ing panjenengan dalem. Abdi dalem trimah dados greji kémawon".

Sang Prabu ngandika : "Wis kowé padha narimaa ing pandum. Saiki padha balia lan sregepa nyambut gawé kaya semesthiné!'

Wong telu padha mundur, bali nyambut gawé kaya wingi nguni.


A. PITAKONAN.

  1. Wacan iku nyaritakaké lelakoné wong telu.
Sapa jenengé? Apa pagawéané?
  1. Sapa sing rerasan dhisik dhéwé?
  2. "Salawasku urip mung karo watu".
Sapa sing rerasan mangkono?
  1. Sapa sing uripé nggombal?