Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi

— 5 —

1. Radèn Mas Riyanta

 Kira-kira sapuluh taun kepungkur RM. Riyanta magang calon juru tulis ing kantor Karésidhènan.

 RM. Riyanta dudu putrané wong lumrah, wong tuwané priyayi luhur tur kajèn kèringan.

 RM. Riyanta bocah ontang-anting. Dadi wis lumrah manawa dadi bocah ugungan.

 Wong tuwané asma RM. Harjadipraja. Kajaba priyayi luhur, uga sugih ndrebala. Mas picis raja brana ora kepétung cacahé.

 RM. Riyanta gagah sembada, bagus tur santosa. Sandhangané mompyor. Eman, amarga wiwit cilik kogung ing bandha, banjur dadi awatak angkuh, ambeg kumaluhur. Emoh srawung lan pepadha. Lagi pangkat calon juru tulis waé ambegé kaya priyayi luhur, rumangsangsané kaya Gupernur.

 RM. Harjadipraja anggoné magangaké putrané pamrihé mung kanggo panglipur. Sokur bagé bésuk dadi priyayi luhur temenan. Dadi bisa mikul dhuwur, mendhem jero.

 Kocapa ora antara suwé RM. Harjadipraja tilar donya. Déné jalarané gerah sedhih, amarga ngrasakaké kalakuané putrané. Putrané, yaiku RM. Riyanta kagala-gala, kagadhang-gadhang dadi priyayi luhur, apangkat dhuwur, jebul wasana dadi bocah mrusal.