Kaca iki wis divalidasi
— 71 —
- Mula iku, éling-éling pra siswaku,
aja padha ndléya,
sing nastiti ngati-ati,
barang karya ywa kasesa kang prayoga. - Aja lumuh, angudi sakèhing kawruh.
tumrap uripira,
ala apa wong marsudi,
ora ana wong nacad pakarya tama. - Sing mituhu, mring piwulang kang satuhu,
aja agé nacad,
yèn durung weruh lan yakin,
lelimbangen mbokmanawa awèh begja. - E anakku, élinga tutur rahayu,
yogya tampanana,
candhinen sajroning galih.
mangka sangu urip anèng ngalam donya.
Ki Ajar Panular.