Kaca:Paitan.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi
TRENYUH

Soegiyono MS

SMP Muhammadiyah 1 Wates

Gambuh

1. Sinten sing mboten trenyuh,
yen ta emut Sastra Jawa kulup,
paribasan kapralaya angemasi,
mung sakedhik kang angrusak,
puntone tan darbe pamor.

2. Pangripta saya surut,
macapat cerkak gurit lan kidung,
langkung langkung panataran Basa Jawi,
eman yen tan gya kaipuk,
kecalan mboten rumaos.

3. Jarene Yoja niku,
wanawasane kabeh pra sadhu,
pertapane begawan ing Sastra Jawi,
mugi kersa paring rabuk,
darapon tudhone awoh.

4. Atur ageng panuwun,
mring panggulawenthah adiluhung,
den adani Bengkel Sastra Jawi kaki,
mila den ajeng den antu,
dening sawegung sayektos.

86_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004