Kaca:Paitan.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi
AL OUR'AN

Tri Wahyuni, BA.

SMP Negeri 1 Nanggulan

Kinanthi

1. Al Qur'an iku panuntun,
gesang neng donya lan akhir,
kaparingken pra manungsa,
dados kholifah ing bumi,
amrih tugase sampurna,
ndherek dhawuhe Ilahi.

2. Lumantar juru panuntun,
Gusti kita kanjeng Nabi,
Mohammad Abdullah putra,
Kekasih Allah Ilahi,
wonten Mekah Mukaromah,
dados sumbering Islami.

3. Dene isi ringkesipun,
Al Qur'an dhawuh Ilahi,
Allah iku mung ahad,
sifate Rahman lan Rahim,
nguwaosi dinten giyamat,
ya Allah Ilahi Rabbi.

90_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004