Kaca:Paitan.pdf/112

Kaca iki wis divalidasi
NYIRIK TINDAK ALA

Supoyo

SMP Negeri 1 Nanggulan

Dhandhanggula

1. Urip iku elinga mring Gusti,
dadiya tuladha para putra,
unggah-ungguh lan basane,
sopan-santun ing laku,
amrih putra asung ngabekti,
sumungkem mring wong tuwa,
iku kang ginayuh,
jroning brayat pindha swarga,
ayem tentrem kulawarga agung ugi,
pinanggya kautaman.

2. Ana crita sing diwaspadani,
wujud gambar jroning kothak kaca,
televisi ya arane,
jare jamane maju,
uga pengrusak generasi,
tan nyaring pancabaya,
manggih peteng kalbu,
mulane ngger den elinga,
aja kongsi nglirwakake mring Ilahi,
piwulange agama.

98_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004