Kaca:Paitan.pdf/113

Kaca iki wis divalidasi

3. Crita anyar jroning rina wengi,
cara manca ngrusak tatakrama,
kan tan becik budayane,
slingkuh ingaran ruruh,
nguja hawa nafsu birahi,
banget nyingkur agama,
iku wus lumaku,
mamerke puser lan dhadha,
ngrudha peksa agawe mrindinge ati,
simaning tatakrama.

4. Pancen nyata tontonan ing tivi,
sinetron kang metu saben dina,
keceh bandha ing uripe,
yen para mudha niru,
rusak iman luhuring budi,
mula den gegulangna,
agama kang luhur,
kabeh iku gumantung wong tuwa,
putra nira den gegulang den ajari,
kautaman sanyata.

3 Banget luhur putra tansah bekti,
mring wong tuwa ibu dalah rama,
memetri luhur budine,
manembah Sang Hyang Agung,
ngugemi agamane nabi,
nyirik tindak dursila,
tatakrama perlu,
sopan-santun wus ginantha,
nora gampang ngumbar nafsu lan birahi,
yen lali kewirangan.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____99