Kaca:Paitan.pdf/116

Kaca iki wis divalidasi

ilham. Wiwit seka perkara pamulangan, tetanen, panganan, mobah mosiking bangsa, lan njengkerut-melare jaman. Kabeh disawang titis, njur dironce ing macapat.

Emane, isih ana sing durung ngempakake daya estetika Jawa tulen. Isih ana sing kelepyan, nulis macapat nganggo estetika sengkalan, sandiasma, lan lelewaning basa. Sajake, sing diburu lagi bab trep orane guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra sarta bab isine. Isi wae, sing akeh pancen banget “ngguroni”, wujud pitutur jati. Jane, ora kudu ngono. Macapat sing becik, mesthi wae penganggone estetika laras karo isi, mili lumintir, ora dipeksa gagasane. Gagasan mili seka kedhunge imajinasi, kadhangkala kudu menculat-menculat, pletik-pletik, jes-jes, jrep-jreg gung, le ole lonthong. Ngono sangertiku, sing tlenyer-tlenyer karyane.

Macapat Bangsaku (Suwarni, S. Pd), Aja Korupsi (Suparman BA), Nglabuhi Negara (Suparman BA), Putra Bangsa (Supartinah) — wis menep gagasane. Najan ngonoa, iki klebu karya dhiafan, isih melok banget. Isih mlaha, najan ora wuda. Ngono iku uga tinemu ing karyane Sri Warni Urip ing Donya, sajak ngguroni. Mbokmenawa kaperbawan pujangga kraton biyen, dha seneng mejang. Kang rada marahi mregelu meneh, karya raka Subardi Wong Lumaku, katon banget ana pada sing “sempalan” seka karyane sapa ngono. Yen kurang percaya, semaken dhewe, wiwit pada loro tekan lima, duweke sapa iku?

Punjere kawigaten macapat werna-werna. Para guru wis blasakan tekan ngendi-endi, ngudi wedharing gati, nyulam tembung kanthi besus lan pecus. Bab kang kagarap, yen kagerba ana pitung werna: Sepisan, bab bebrayan kayata karyane Sri Lestari (tanpa irah-irahan), Hamemayu Hayuning Pawestri (Indrati Sayuta), Lawuh Sapala (Sudiyah), Sesomahan (FA Kasimun, BA), Damel Bingung (Sri Subarmiyati), Kudu Titi

102_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004