Kaca:Paitan.pdf/118

Kaca iki wis divalidasi

Sabanjure, para guru kari gladhen nembang. Luwih mentes, yen seka tembange dhewe.Paling ora, seka naskah ing buku iki kena kanggo conto tumrap para siswa. Semono kaprigelane puru. Muride bisa dijak nganggit lan maca, munggahe tekan apresiasi ing “teles”, ora garing mekingking.

Macapat Inovatif lan Kreatif

Sekawit macapat kuwi mung seni olah suwara. Angger dhasaring suwara kung, suwara ngelam-lami. Tatacara nggelar macapat, bola-bali isih ajeg. Kanthi macapatan, yaiku nembang lan oncek-oncek sawetara —saya suwe mboseni. Katitik saben ana macapatan, mung dirawuhi GPK (golongan pandhemen kasepuhan). Priyayi sepuh sing wis meh entek napase, njur jorjoran cengkok, nembang macapat sakecandhake.

Anggone nembang lawaran. Tegese, tembange mungcangkem thok, garingan. Ora ana thinthingan. Olehe ngangkat suwara, mung landhesan apalan lan sawetara titilaras sak kecekele. Nngono mau jarene wis mungguh. Emane, oncêk-oncek macapat sing keworan sarasehan mau, arang kang monjo tekan bawarasa. Adate mung rasan-rasa penganggone tembung. Bab carangan-carangan ukara dirembug sithik. Tanpa mbiyaki “wos” kang luwih jero, tumanjem ing rasa.

Ing kluwarga Jawa dhewe, yen gelem blaka suta — asring cengkah panemu antarane wong tuwa lan bocah, saben ana macapatan. Yen radhio lan televisi ana siaran macapat, bocah-bocah uga gage mindhah gelombang. Ujare, macapat iku kuna, brisik kanggo cah nom. Sawetara iku, kuping tuwa brebeg yen krungu hobine cah-cah nom ting gedhugrak. Ngene iki, sing selen kupinge apa lagune. Mangga! Kabeh iki fenomena, kanyatan sing angel diselaki.

Kahanan sing sarwa pro-kontra ngono iku uga ngegla ing sekolahan. Macapatan saya mulet, kablebeg werna-werna

104__PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004