Kaca:Paitan.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi

Gayut karo bab iku, aku melu seneng Bengkel Sastra Jawa Balai Bahasa 2004 iki diplinthengke kanggo guru SMP basa Jawa Kulon Progo — kanggo nggegulang macapat. Aku setuju banget, yen kupiyane raka Dhanu Priyo Prabowo mau ora mung mandheg sepisan ji, kaya wong mantak aji, ora duwe tapal. Kiraku, ana becike gegebengan “ngudang macapat” mau ditintingi asile. Potret kasile gladhen, bisa disemak menawa dianakake lomba-lomba — apa guru-guru grengseng nggladhi muride, kasil dadi juwara? Sokur bage, ora mung lomba macapat wantah, ning uga macapat garapan (performance), rak luwih grengseng.

Aku wani kandha ngono, merga wakil Kepala Dhinas kang paring andharan ing gladhen macapat, sajak kepranan. Dheweke, disekseni Kepala Sekolah SMP 2 Pengasih lan aku bakal maringi alokasi beya kanggo makarya bebarengan karo MGMP basa Jawa. Alokasi dhana mau bakal dilebokkake ing APBD, anggere MGMP cepet-cepet gelem dijak rerangkulan nganakake pelatihan kayata macapat lan bab liyane. Angin ngleses iki perlu banget enggal cekat-ceket ditandangi, yen kepancal sepur, malah salah kedaden. Kabeh gumantung niyate MGMP bebarengan karo anggota guru liyane.

Pelatihan sing wektune cumpen (21-24 Juni 2004), mapan ing ruwang seni SMP 2 Pengasih mau, pancen krasa cepet banget. Guru-guru uga dioyak wektu, ngrampungake tugas padinan, saengga siji loro ana sing kepontal-pontal melu gladhen macapat. Durung meneh isih ketambahan gladhen nulis macapat,

Najan gladhen nulis mau cak-cakane digarap neng ngomahe dhewe-dhewe, kanggo ngapresiasi sakeplasan tetep butuh wektu. Jane mono, bakal luwih trep, yen anggone pelatihan mapan ing hotel (nginep) telung dina dheg, total, ateges ora ana godha gaweyan liyane — asile mesthi luwih maremake. Apa klerune latihan macapatan ing hotel.

106___PAITAN Antalogi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004