Kaca:Paitan.pdf/121

Kaca iki wis divalidasi

Macapat Kolaboratif lan Alternatif

Sing dadi masalah ing gladhen macapat, yaiku ngulinakake laras. Ngolah dhasare suwara laras slendro lan pelog, isih sok kowalik-kewalik. Yen dituntun nganggo gamelan, vokale sok ora tekan. Mula pancen butuh gladhen olah swara. Kanggo nggampangake, sing pengin gampang mbedakake slendro pathet sanga, pathet nem, lan slendro pathet menyura — kudu duwe apalan tembang siji-siji. Apalan mau terus dinggo sangu ngangkat tembang liyane. Apalan ora kudu macapat, ning bisa wae tembang dolanan. Sing baku pathete padha, njurdinggo pancadan nembang sing anyar. Samono nga yen arep ngangkat laras pelog pathet nem, pathet lima, lan pathet barang.

Ngapale pathet nem werna kuwi, kiraku ora angel yen diudi tenan. Yen dhasare suwara kuwi durung kempel, mengko yen sinau tembang macapat sok kowalik-kewalik pathete njur blero. Utamane yen digarap utawa diiringi gendhing, sok kuwalahen. Mula seka kuwi, ana becike sadurunge mlebu ing tataran gladhen, didhasari dhisik olah vokal. Olah vokal wiwit seka lembut nganti mbengok, menga-mingkem, ndangak-ndhungkluk, cepet-rendhet, lan gedhe-cilike swara perlu dikulinakake, Suwara macapat kudu cul, kendel, ora sah dieman. Suwara kudu los, antep, kung, lan ana getere.

Kejaba olah vokal, sinau macapat uga perlu nguwasani “sense of ngeng” liyane, Utamane ngetutke suwara instrumen (gamelan). Mula, kanggo ngawekani macapat sing dianggep njuwarehi, pancen butuh “garap” (kreativitas). Yen sangu Suwarane wis dadi, ngungkung, nurut lurung, nurut wuwung, nges, pratandha bisa numpang ing seni liyane. Buktine, Ny Condrolukito (alm) angger wis nyengkeng Kutut Manggung, membat mentuling Suwara jan rumesep ing balung sungsum. Samono uga mbak Waljinah, Sunyahni, lan kadangku sepuh Manth'os—marahi liyer-

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004__107