Kaca:Paitan.pdf/124

Kaca iki wis divalidasi

sruwa-sruwi digawe garapan slendro, dene macapat pelog mung kanggolatihan lawaran. Wektu kuwi, macapat kolaborasi lagi bisa nyampur seni: gamelan, pedalangan, macapat, lan ritual mistik. Wujude uga prasaja banget. Jane mono, isih bisa digawe kolaborasi karo geguritan, teater, ketoprak, lan seni tari. Mung wae, merga wektune mepet ora kabeh seni bisa katut.

Gunggunge gladhen macapat kolaborasi, paling ora kaping pindho. Saya akeh gladhene, mesthi wae saya rampak lan kepenak dirasakake. Becike, gladhen diperang manut dhapukane dhewe-dhewe. Mula njur ana gladhen: vokal macapat, nabuh (iringan), tari, teater, pranatacara, suluka/ pedhalangan, akting, lan sapiturute — gumantung akeh sithike seni kolaborasi. Yen madeg dhewe-dhewe wis lanyah, lagi digathukake (kolaborasi).

Dhapukan jangkepe para paraga sing ngayahi gamelan, yaiku: panatawirama (Suparman BA:gender), pangarsagending (Sugiyo), dalan/sulukan (Sugiyo), kethuk-kenong (Sumiharjo), Sulistiyah, A. Ma. Pd. (bonang), gong (Slamet Nugroho, S. Pd), demung (Soegiyono MS), swarawati (Supartinah), saron (Betihy Mahara Setyawati), bonang penerus (Legiyo), peking (Sri Wami). Paraga semedi (Slamet Waluya, Indrati Sayuta). Pranatacara/dalang (Eko Teguh Santosa, S Pd). Pambeksa: FA Kasimun, BA. Paraga ritual dupa (Any Sulityaningsih), Gunawan, Tri Wahyuni, BA). Paraga koor: Mujiyannto, Tomy Giyatno, Drs. Hisam, Marsih S. Pd., Supoyo, Suwami, S. Pd. Subardi, Sri Lestari, Sri Subarmiyati, Sudiyah, Any Sulistyaningsih, Sumami, S.Pd. Kemin Rahardjo, Sunartiningsih, Supraptono, Sri Hidayati Yuliastuti, Suparmiyati S. Pd.Darsuyono, Rohmad Darojad, Dalroso.

Seka macapat kolaborasi bisa disemak ing naskah lan cak-cakane kaya ing ngisor iki:

110__PAITAN Gatatagi Macapat Bengkel Sasha Jawa: 2004