Kaca:Paitan.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi
BANGSAKU
Suwarni, S. Pd.
SMP Negeri 3 Sentolo
Pocung

1. Oh bangsaku bangsa apik Jan misuwur
   kanggonan pemudha,
   kang awatak edipeni,
   Aja nganti nerak anggere negara.

2. Oh mitraku aja dhemen madat minum,
   kayata narkoba,
   yen minum ambebayani,
   tumrap keslametaning nagri lan bangsa.

3. Pituturku mituhu pranatan iku,
   becik tumrap bangsa,
   aja kapelu jaman saiki,
   kang ngrusak kapribadening pra pemudha.

4. Bangsa iku, yen pramudha padha blilu,
   ngrusak nusa bangsa,
   kang wus maju lan nandhingi,
   kamajuaning nagri kang wus kajwara.

5. Panemuku pramudhane padha nggugu,
   karep kang angkara,
   ing tembene anjalari,
   nusa bangsa manggih nistha lan antaka.

2___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004