Kaca:Paitan.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi
WONG LUMAKU
Subardi
SMP Negeri 2 Panjatan
Kinanthi

1. Upamane wong lumaku,
marga gawe den liwati,
lamun tuna ing pangarih,
sayekti kerendhu ing ri,
apese kesandhung padhas,
babak bundhas anemahi.

2. Nalika nira ing dalu,
wong agung mangsah semadi,
sirep kang bala wanara,
sadaya wus sami guling,
nadyan ari sudarsana,
wus dangu denira guling.

3. Yen wong anom-anom iku,
kang kanggo ing mangsa iki,
andhap asor dipunbucal,
umpak gumunggung ing dhiri.,
obral umuk kang den gulang,
kumenthus lengus kumaki.

6___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004