Kaca:Paitan.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi
BENGKEL SASTRA
Slamet Waluya

SMP Negeri 1 Panjatan

Gambuh



1. Jatiningwang kayungyun,
marsudi kagunan adiluhung,
basa, sastra, miwah kabudayan Jawi,
amung raos ing tyasipun,
ajrihnya dhateng panyandhon.

2. Bombonging raos katur,
rawuhipun pra sanak sadulur,
ing palagan bengkel kasusastran Jawi,
kinarya margi panuntun,
angripta macapat lagon.

3. Kawan ari kalangkung,
surya kaping selikur witipun,
kapurnanan kawan likur wulan Juni,
tetengerane kang taun,
ngiblat sepi suwung padon.

4. Menggah mumpangatipun,
kang dhingin ngraketaken sedulur,
kaping kalih kapanggih pujangga aji,
tiga tambah ilmunipun,
nadyan satleraman nawon.

5. Panutup atur panuwun,
mring pra mitra sumbang sarungipun,
yenta cepat mugi paring pangaksami,
mugi ing selaminipun,
panggih jroning karahayon.

10____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004