Kaca:Paitan.pdf/26

Kaca iki wis divalidasi
RIKALA MANAH SAWIJI
Sri Lestari, S. Pd

SMP Negeri 3 Kokap

Makumambang


1. Rasaning tyas nalikane nandhang kingkin,
sarwa lan sakeca,
anglenggana nagih janji,
mring raka cidra kacihna,

2. Nggennya lumampah anilarken sang putri,
kang minangka tresna,
rikala manah sawiji,
sima sakabehing sida,

3. Solah tingkah damel lathi dadi ati,
samya den cubriya,
datan ana ingkang aji,
rinambah asoring raga

4. Dayinta mojar tur lirih angrerangin,
kathah kang den patah,
slira pasrah mugi dadi,
kang dadya atur panjangka.

5. Mung atur sayekti dalasan pamuji,
mring yayah renaka,
pra kadang sentana mitra,
tan lali Gusti pribadi.

6. Mugya amanggiha kang sarwa utami,
rambahna sadaya,
kang raka lan rayi iki,
sumawana bagya mulya,

12____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004