Kaca:Paitan.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi
AJA KORUPSI
Suparman Trisnosumitro, B.A.
Pocung

1. Hé anakku elinga mring bapa guru
manut piwulangnya
piwulang kang migunani
guna banget besuk kanggo yen diwasa.

2. Kèh pitutur, pitutur laku celathu
uriping manungsa
kudu manembah ing Gusti
lena lali bakal anemu perkara.

3. Yén wus cukup aja tindak ngulap ngukup
eling sapadha
akèh padha pait getir
iku perlu sinulung sapadha-padha

4. Lamun kenyut akeh bandha nggone korup
korup bandha donya
ora bakal maedahi
hiya pancen tata gelar ngambra-ambra.

5. Run tumurun tumindak kang analusur
marang turunira
ora bakal diajeni
yen mangkono cedhané bakal cilaka

6. Metha, methu, sugih bandha sugih bandhu
mangka bandha tan hak
mesti akeh nggoné maling
yen kawiyak isiné bakal sangsara.

20_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004