Kaca:Paitan.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi

5. Sinebat upaminipun
cagaké nagara iki
gumantung aneng ngamudha
ingkang kudu angayahi
uga ngemban tanggung jawab
nglabuhi bakuné nagri.

6. Nagara saisinipun
bebarengan dipunjagi
wektu wusanan mardika
lena sithik aja nganti
saka pangancam bebaya
kudu bareng den rampungi.

7. Kajaba jinagi sampun
kudu dipungarap becik
lemah bangune nagara
ora bakal anguripi
lamun den jarna tan dalah
kabeh bakal nanggung rugi.

8. Ki Suparman critanipun
ingkang matur wonten
nggunggung pra pamuda nira
dimen pada gyat makarti
pra muda gagah prakosa
rinakit tembang kinanthi.

22_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004