Kaca:Paitan.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi
NGURI-URI BASA JAWI
Kemin Rahardjo
SMP Negeri 2 Galur
Pangkur

1. Wayah esuk dha sekolah,
Kaya ngene rasane wong dadi murid,
wira-wiri saben esuk,
angudi kapinteran,
durung uwis yen durung antuk kursus,
kursus saking pamulangan,
yaiku kang ingsun udi.

2. Wah ramene ana dalan,
pating sliwer kendharaan andalidir,
makgragap yenta kepethuk,
wujud trek kang gandhengan,
saya kaget yen saka mburi mak sarunthul,
ing ngarep ana becak,
mula padha ngati-ati.

3. Wektu iku mangsa udan,
kanthi alon lumakune ngati-ati,
dumadakan ana gludhug,
atiku saya gragapan,
banjur mandheg nganggo mantol karo ngeyup,
lan kanthi unjal ambegan,
neruske laku tumuli.

30_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004