Kaca:Paitan.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi

4. Abote labuh negara,
sun lampahi kanthi eklas jroning ati,
mung ngudi ridhane Hyang Agung,
ndandani jiwa kang bubrah,
supaya anduweni jiwa kang luhur,
cancut gumregut tumandhang,
mbelani ibu pertiwi.

5. Lumiyat nggennya makarya,
ambabar lan nguri-uri basa Jawi,
kabudayan kang adiluhung,
pan ngantos katerak ama,
kabudayan saking manca kang rumasuk,
kang cengkah klawan tyasira,
bangsa ketimuran neki,

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____31