Kaca:Paitan.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi
SUMARAH MRING GUSTI
Sunartiningsih
SMP Negeri 1 Pengasih
Gambuh

1. Aku tan nate weruh,
myang begja cilaka pasrah amung,
tansah pasrah mring Gusti Kang Maha Suci,
setya mantep pracayaku,
klawan Eklas lair batos.

2. Datan ngerti uripku,
mring sabarang karsane Gustiku,
amung donga kang dadi panyuwun mami,
nging yektine Gusti iku,
asta-Nya nganthi sayektos.

3. Amun pasrah Gustiku,
nasibku ing pangrehing Ma Agung,
bagas saras dadi panyuwunan mligi,
rejeki nugraha wimbuh,
tandhaning pracaya ingong.

4. Tan ajrih kwatir aku,
gesang kang pinanggya begja amung,
tansah nunggil kalayan panuntun Gusti,
tyang kang setya lan mituhu,
sinung ayem jroning batos.

5. Mula pawong mitraku,
sengseming donya aja kapelu,
kang wigati urip iku aja lali,
pasrah mring Sang Maha Agung,
gesang mulya lang ingayom.

34_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004