Kaca:Paitan.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi
PUTRA BANGSA
Supartinah
SMP Negeri 1 Galur
Pangkur

1. Para mudha padha tindakna,
tansah santun-dhateng sasami-sami,
kalamun sira ndaludur,
ngembet marang wong tuwa,
lan tan wurung samubarang yen ndaludur,
guru uga kembet ala,
solah tingkah nglelingsemi.

2. Datan supe mring trapsila,
suba sita unggah-unguh njaga dhiri,
ngabekti marang leluhur,
sumrambah kadang mudha,
dalan lali tumraping kabeh sadulur,
nora mawas enom tuwa,
kabeh kudu den ajeni.

3. Yekti nyala putra bangsa,
pinter basa tata krama uga wasis,
solah bawa uga alus,
dhasar watak satriya,
datan ngira yen dudu trahing ngaluhur,
pantes kanggo patuladhan,
mugi santun langgeng yekti.

36_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004