Kaca:Paitan.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi
TOBAT
Supraptomo
SMP Negeri 1 Lendah
Pucung

1. Bapak pucung dhateng janmi sung pepemut,
wus saguh wèh tladha,
mrlng kanca kang padha ngudi,
anggayuh kautaman kang tuhu mulya.

2. Ewuh yekti ing jaman puniki wektu,
pama jaman édan,
kèh wong kang kayungyun sami,
getun keduwung getuné yèn wus kliwat.

3. Nanging poma panjenengan wruha iku,
murih rahayua,
nglakoni dhawuhing Gusti,
murih slamet miwah rahayuning wuri.

4. Dhuh pra kanca sami eling pepelingku,
pepali pra tama,
yekti begja kang nglakoni,
samya waspada tumindak kang duraka.

5.Mumpung durung sira kaineban pintu,
lawang tobat Allah,
tobata sira agelis,
Gusti Maha Asih luput ingapura.

40_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004