Kaca:Paitan.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi
ALAM DONYA
Bethy Mahara Setyawati
SMP Negeri 4 Wates
Maskumambang

1. Madyeng ratri duk panggonan aneng sepi,
tan ana manungsa,
mung swara mbelaha bumi,
swara nata kang dhuhkita.

2. Kacarita wong ayu nengsemke ati,
yogya solah bawa,
sugih bandha welas asih,
marang sadarum manungsa.

3. Amung siji kang tansah dikuciwani,
ngoyak alam donya,
lali ngabdi marang Gusti,
kang nggawe pangupajiwa.

4. Dhuh Gusti awak lali ora nglakoni,
mung mburu kang maya,
saiki digolek siji,
swarga loka kang nyata.

44_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004