Kaca:Paitan.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi
DAMEL BINGUNG
Sri Subarmiyati, S. Pd.
SMP Negeri 2 Wates
Megatruh

1. Ayo kancadha menggaliha ing kalbu,
kados pundi ngreh pribadi,
tumindak ingkang memangun,
hardaning awak nyawiji,
migunani mring pra pawong.

2. Mrih gesang raharja samubarangipun,
ngreh sadaya utami,
manah tanpa raos rangu,
gawe becik mring sesami,
mugi manah tan ngandhelong.

3. Paring conto mring kawula mudha iku,
tumindak ingkang mranani,
iku dudu bab kang saru,
ja mandheg mangu tan wedi,
ja isin dicenges uwong.

4. Wolak waliking jaman siki puniku,
kadang nom tan duwe isin,
padha seneng tindak kleru,
tindak ala dikancani,
gawe becik dadi guyon.

46_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004