Kaca:Paitan.pdf/64

Kaca iki wis divalidasi
BASA JAWI MISUWUR

Sugiya

SD Kepundung

Gambuh

<poem> 1. Basaingkang pininjul, basa Jawi saestu misuwur, kajuwara kondhang ing manca negari, nuswantara sumberipun, tinulat mring manca praja.

2. Basa Jawi satuhu, saget dados panuntuning laku, laku clathu solah bawa muna muni, tata krama unggah ungguh, pangeran wong agesang.

3. Praguru wajibipun, ngrimat basa ingkang adiluhung, mucalaken kanthi tlaten miwah tliti, mring pra putra muridipun, mrih tetep saged ngrembaka.

4. Niyat panggayuh luhur, kanthi tekad manah sucinipun, daya daya basa Jawi mrih lestari, nadyan awrat lampahipun, tan dados pepalang nala.

5. Tegen tekad lan tekun, dados srana kabul niyatipun, ngrembakaken basa Jawi mrih lestari, dalan mingkah datan mingkuh,

murih saget kasembadan.

50_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004