Kaca:Paitan.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi
CECALA

Bengkel Sastra Jawa ingkang dipunadani dening Balai Bahasa Yogyakarta sampun lumampah kanthi sae nalika tanggal 21—24 Juni 2004, mapan ing SMP Negeri 2 Pengasih, Kulon Progo. Gegladhen kasebat dipungelar sesambetan kaliyan kreteging Balai Bahasa Yogyakarta anggenipun kepengin ngrembakaken sastra Jawi ing madyaning masarakat, mligipun para guru (SMP lan SD) tuwin para juru gurit macapating tlatah Kulon Progo. Dene peserta Bengkel Sastra Jawa sedaya gunggung wonten sekawandasa priyantun.

Metani sauntawis yasan macapat anggitanipun para peserta kados mboten nguciwani, sanadyan wonten ingkang perlu dipundandosi. Jer punika wau suka pitedah bilih Bengkel Sastra Jawa estunipun inggih papan kangge sinau ngawuningani prekawis ingkang gegayutan kaliyan macapat, wiwit saking panyerat ngantos anggenipun ngepyakaken ing panggung.

Adhedasar bab suwau,pramila buku antologi macapat punika dipuntengeri Paitan. Irah-irahan punika mengku wigati supados yasan tembang macapating buku punika saged kangge sangu marsudi sastra Jawi dhumateng soksintena kemawon, langkung-langkung para siswa ing sekolahan. Wusana dipunaturaken pamatumuwun dhumateng pihak-pihak ingkang sampun suka panyengkuyung amrih lumampahipun Bengkel Sastra Jawa, inggih punika Bapak Kepala Balai Bahasa Yogyakarta,Bapak Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Kulon Progo,Bapak Kepala Sekolah SMP 2 Pengasih, Kulon Progo, Drs. Suwardi Endraswara, M.Hum lan Drs. Sunardi (tutor),