Kaca:Paitan.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
AJA PADHA LENA

Dalroso

SMP Negeri 3 Sentolo

Pocung


1, Saben dina aja kendat ing panyuwun
marang kang maha Kuwasa
muga tansah diayomi
anjalari urip iki nemoni bagya

2. Murid iku wajib lan taberi sinau
aja padha lena
kang tembe angrugeni
aja lali ndedonga marang sing kuwasa

3. Lamun sira dattan gelem sinau
samengko bakal gela
sekolahmu dadi keri
ora munggah gawe susahing wong tuwa

4. Piwelingku marang kabeh anaku
ayo padha angupaya
lan sinau kang taberi
mrih ing tembe dadi bocah kang utama

5. Sasi iki tekan wancine ulangan umum
sing sregep anggonmu maca
garapen kang teliti
bakal antuk biji lan dadi juwara.

56 PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004