Kaca:Paitan.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi
NASTITI

Eko Teguh Santosa, S. Pd.

SMP Negeri 1 Temon

Pocung


1. Parajalma kang karsa nggayuh ngaluhur,
aja ngereh rakyat,
ngalembana ngumbar janji,
wola-wali ngumbar janji bakal kojur.

2. Woro-woro bakal bisa gawe makmur,
murih antuk mandhat,
lenggah penak aneng kursi,
plerak-plerok mikir rakyat ora pecus.

3. Para kadang amrih negarane makmur,
kudu duwe tekad,
sabarang karya kapikir,
aja seneng karo kanca dodol catur.

4. Kabeh wae para kanca lan sadulur,
becik banjur menyat,
makarya kanthi nastiti,
kanggo nggayuh urip mukti lawan luhur.

5. Singkirana tumindak ala kang wanuh,
enggal padha tobat,
nyuwun palilahing gusti,
tebih saking tindak kufur lan takabur.

56 PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004