Kaca:Paitan.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi
MBANGUN MAKAM KERTAYUDA
Sumihardjo
SMP Negeri 1 Girimulyo
Dhandhanggula


1. Tanggal kalih dasa wulan Mei
kalih ewu sekawan punika
kapanggih putra wayahe
mapan ing dalemipun
kulawarga Bapak Marjuki
sadaya para warga
pinanggih rahayu
sam ya rumaos gumbira
kasok ing tyas raos manunggal nyawiji
mugi gesang slaminya.

2. Sampun purna pambanguning candhi
candhinipun para leluhur kita
ing Snangka kene prenahe
minangka pakurmatanipun
para turas tur pangabekti
unining sengkalanira
karyaning ngaluhur
datan katon uninira
mugi leluhur kita nunggil ing Gusti
gesang langgeng salaminya.

62____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004