Kaca:Paitan.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

3. Kang sumare ing makam puniki
kang kapisan Nyi Citrapawira
kalih Surawijayane
dene kang tiganipun
japawira iku nggih Nyai
kang kaping patira, Ki Kertayuda gung,
lima Kaki Suradirja
kang kaenem Ki Jagalesana Kaki
pitu Ki Surasana

4. Ing samangke para turas sami
nyuwun donganya tulus ing donya
gangsar pangupajiwane
tukun ing gesangipun
kadumugen ingkang kinarsi
ayem tentrem raharja
rejeki lumintu
para turas binerkahan
datan supe manembah mring Hyang Widhi
lana ing gesangira

5. Wekasane panggihan puniki
sadaya para putra wayahnya
samiya golong tekade
kertayuda trahipun
ingkang samiya dipun tetepi
manggiha bagya mulya
rumaket tembenipun
anuhoni yen turasnya
Ki Kertayuda ingkang dipun gondheli
langgeng salaminira

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004 ___63