Kaca:Paitan.pdf/82

Kaca iki wis divalidasi
NGUDI NGELMI

Mujiyanto
SMP Negeri 2 Kalibawang

Asmarandana


1. Ayo kanca ngudi ngelmi,
ngelmi ingkang asung guna,
masyarakat pribadine,
akeh marga sarta cara,
bisa angel bisa gampang,
nadyan angel kudu tekun,
yen sedya kepingin bisa.

2. Ngudi ngelmi kang upami,
angisi gendul sinedya,
her sayun kalebetaken,
datan bisa sesarengan, sithik-sithik kanthi sabar,
nir grusah-grusuh ing laku,
katon gampang bakal towang.

3. Wajib tumraping agami,
ngusia wiwit bandulan,
aneng ndelahan tekane,
aja kongsi duwe rasa,
wegahan kang tanpa daya,
mundhak mengko dadi bedhu,
den isin-isin wong liya.

68 PAITAN____Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004