Kaca:Paitan.pdf/83

Kaca iki wis divalidasi

4. Saranane angupadi,
bisa ngrungu lan memaca,
nyatijekke pawartane,
saking sarana kang nyata,
yeku dwija lan pustaka,
kang dadi sarananeku,
kinarya lantiping jiwa.

5. Dadya wong lantip piniki,
gegadhanganing negara,
amewahi darajate,
tinandhingna nagri manca,
kasusra ing jagad raya,
keh janma kang alok gumun,
amilu nggennya ngupaya.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004 _____69