Kaca:Paitan.pdf/86

Kaca iki wis divalidasi
NANDUR PALAWIJA CARA

TUMPANGSARI
Gunawan
M.TS.N. Jatimulyo

Dhandhanggula


1. Heh para mitra kadang dusun tani,
mangga kita samya mbudi daya,
ngolah sawah tegalane,
ngundhakken hasilipun,
mrih kebutuhan den cukupi,
wajibe giyat makaryo,
jaanakang nganggur,
ningkatna hasiling lemah,
nandur palawija cara tumpangsari,
praktis yen katindakna.

2. Caraiki katindakna yekti,
tanduran pari cukup sepisan,
palawija sabanjure,
bakdha panen gadhu,
akhiring sasi Februari,
sawah banjur kalobangsa,
mrih guludanipun,
cinacah ingkang warata,
sabanjure kaleremna nganti aking,
dadya lalahanira.

72____PAITAN Antologi Bengkel Sastra Jawa 2004