Kaca:Paitan.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi

3. Linangkung kang nilar basa Jawi,
kang wus nyata kebak ing trapsila, .
datan wruh ing peprenahe,
basa manca denjunjung,
angremehna basa pribadi,
kang wus denanggep kuna,
mangka adi luhung,
para sepuh tan nglenggana,
lamun kirang paring patuladhan yekti,
kirang ing pangupaya.

4. Jaman mangke jalu tuwin estri,
datan gampil anggennya mbedakna,
lamun saking busanane,
miwah pangganggenipun,
kang denagem sadaya sami,
ngemba kadya wong manca,
sayekti tan jumbuh,
kalwan budaya Jawa,
samya bombong angagem tan darbe isin,
sangsaya ngambra ambra.

5. Lumantar tri wiyata sayekti,
ngupaya lestarining budaya,
sesarengan tumandange,
saking bebrayan agung,
kawangsuha ing jati dhiri,
menggahing kulawarga,
kedah kanthi tekun,
nggegulang mring para putra,
murih nyawiji dhateng budaya Jawi,
ugi ing pawiyatan.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa_____77