Kaca:Paitan.pdf/95

Kaca iki wis divalidasi

4. Luwih becik udu angoncati,
sipatnya kang nglokro,
datan darbe kayun ing uripe,
samubarang lir watone dumadi,
apa kang kaeksi,
kalimputing napsu.

5. Anganggoa sipat kang piniji,
kang paring pangayom,
tuhu ngabekti marang Gustine,
dimen khusnul khotimah tembe buri,
kinarya makarti,
sayuk sadayanipun.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____81