Kaca:Paitan.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi
PARASDYA

Soegiyono, MS

SMP Muhammadiyah 1 Wates

Pangkur

1. Paran dene Sastra Jawa,
pindha sinaput pedhut yen kaeksi,
yen tinlusur sababipun,
madyaning pawiyatan,
ing Ngayoja Jawa Tengah Jawa Timur,
pamulaning Basa Jawa,
ES—Em—A datan dumugi.

2. Tan subure Sastra Jawa
ngenani kualitatif kuantitatif,
Sastra Jawa saya mudhun,
linangkung pawa siswa,
amung sithik Sastra Jawa kang den gilut,
basa krama datan pana,
pacelathon anglingsemi.

3. Yenta Sastra Jawa bera,
anjalari tan subure pangripti,
basa sastra Jawa kukut,
temahan kapralaya,
linangkung pra nupiksa tan sapa aruh,
pandhemen saya nalangsa,
yekti tuhu angrunani.

84_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004