Wiwit esuk umun-umun ing alun2 lor sangarepe pagelaran wis katon rame, sadjak bakal ana parepatan gede, tur bebarengan bakal ana keramejan Sekaten, mula saja katon regeng, bangunan2 wis akeh sing madeg ngebaki sakalun2.
Kaja adat saben Pak Amat wis dasar dodolane mapan ana sangisoring ringin kembar, nggelar klasane kang kebak dagangan maneka-rupa. Kabeh dagangane mau karjane dewe. Ora lali kotak pijule uga ditjangking ngalor ngidul ora kena pisah. Kanggo bukak dasar, Pak Amat bandjur njandak pijule diunekake, perlune ben dagangane diweruhi ing lijan.
Kaja ngapa gembiraning atine Pak Amat ing wektu kuwi, dene barang dagangane kang wis seminggu suwene manggrok-manggrok ana omah, let sedela wis gusis kabeh. Motor-motorane wis entek djarane loro wis paju, sulinge rong puluh wis amblas. Pijule nenem kari telu. Mula Pak Amat bandjur wani aba kupat tahu ing sandinge, kanggo sarapan, lan bandjur aba wedang ronde samangkok, imbuh gedang goreng loro. Pak Amat wis marem atine. Duwit pepajone wis digembol primpen ing sak ndjero, kuwatir jen ditjopet. Awite tjopet Ngajodja pantjen djulig-djulig lan kendel-kendel, wani njrebro adu arep.
Nalika tengah-tengahing rame wong tetuku, Pak Amat isih bisa nggatekake botjah nom sakloron kang menganggo tjlana kalet, kemedjan djaket abu2 lan biru tuwa, katjamata ireng tandes. Botjah loro mau bola-bali, wira - wiri ngalor ngidul, bola bali, sadjak ana tudju