Kaca:Panjurung.pdf/101

Kaca iki durung katitiwaca

ESEM

Kenya Giriseta

Kuncine mung siji, esem. Ana ngendi wae, ing kahanan kang embuh kepriye, aji siji iki tansah ditakke. Kasunyatan, marem asile.

Sakawit ceblok mapan ing desa Arumsari, esem pait madu iku bribik ngresepake pandulu. Terus lan saya mekar, wusana nadyan wong anyar enggal dadi kondhang. Noto Wiguna jenenge, endi wonge kang Ora tepung priyayine. Ora ana,

“Panggesangan menika rak boten ajeg, Pak. Wonten undha- usukipun, sedhih gumbira gilir gumantos. Nanging menawi kula tingali, Bapak boten nate sungkawa.” Ora mung siji loro kang kawetu takon, pengin ngerti resepe Pak Noto.

“Kabeh iku rak gumantung ing ati. Seneng susah gumantung karep. Bisa disetel. Lha yen dituruti, karepe wong iku ora ana enteke, Nanging yen nrima, wis ta, kabagyan iku ora ana asate.”

Ajeg iku wangsulane. Kang krungu adate manthuk-manthuk kaya iya-iyaa. Kanggo nglakoni, angel kang mesthi.

Kagawa saka bebudene kang tansah nglegakake sapa wae, ora mokal kalane Arumsari duwe gawe Pilkades, tanpa nganggo andum dhuwit lan beras, wis sinengkuyung sinubya-subya tangga teparo supaya nyalonake,

“Rakyat wis jeleh nyawang kahanan. Butuh reformasi. Ing weteng wis muneg-muneg kudu mutah, dijejeli samubarang kang ora dikarepake. Rakyat dudu boneka, dudu wayang kang mung manut obahing dhalang!”

“Wong cilik kang wis bodho aja terus digoblogake. Aja mung dianggep lempung kepanjingan nyawa.”

“Jenenge wae uwong, ya kudu diuwongake!”

“Iya, kene kang ngregiyuk rekasa, dhuwuran kang mung kari ongkang-ongkang, ngedhangkrang, mangan kringete wong sapirang- pirang.”

Enom tuwa lan ora sithik warga kang nyuntakake panguneg- unege marang Noto Wiguna.

87