Kaca:Panjurung.pdf/103

Kaca iki durung katitiwaca

a Ing kamangka, eseme dhewe sok ngglendra-ngglendre. Salin slaga.

Pikiran-pikiran mangkene iki kang tansah ngreridu batine Noto Wiguna sawise Arumsari ngepyakake slogan ESEM. Padha tembunge, nanging beda kulit bisa beda anggit. Eseme para warga apa padha eseme Noto Wiguna? ,

Noto Wiguna judheg. Nanging kegawa priyayi wicaksana, kabeh mau smamun ing samudana. Gumantung sing nyetel. Sakehing gronjalaning ali, binabar sumringah ing wadana. Eseme tetep mekar kalane temu pawongan, bathuk njengkerut kalane dheleg-dheleg ijen.

“Pak Kades ..., Pak Kades! Kula boten narimakake! Nyuwun pengadilan!”

Kesaru tekane warga kang tanpa sabawa, Noto Wiguna kang lagi ngudhal, ngulur lan nintingi rasa lan pikire ing ruang kerjane gragapan, gurawalan mrepegi.

“Eh... eh! Pak Pardi. Ana apa?”

“Anu, Pak! Pokoke kula boten trima. Kebeset rai kula! Merga slogan ESEM niku, bebarayan kula dadi bubrah!”

Kaya kena gendam, Pak Noto malah njegreg, ora mudheng. “Kene.., kene, lungguh dhisik! Sing sareh!” Tamune kang teka nggawa ati bengkah mrengangah diacarani lenggah.

“Ngaten Pak Kades! Saploke slogan ESEM niku, Budi, wartawan sing rambute gondrong nika, asring mesam-mesem kalih bojo kula. E, Iha kok nggih ditanggapi. Tiyang kalih asring esem-eseman. Dangu-dangu boten mung lambe thok. Bangeten ta, niku?”

Kades Noto Wiguna unjal napas. Apa kang disumelangake temen wis dadi kasunyatan. Ngene iki yen slogan utawa aturan kang tanpa katrangan gamblang. Saben pawongan duwe pangerten dhewe-dhewe.

“Pripun, Pak? Yen gembreget, kula obong omahe Budi!”

“E, lha kok salah weweng. Kena krisis ekonomi, ning aja krisis moral!” Noto Wiguna mesem. “Saiki ngene wae, tinimbang mengko dadi ribut lan keprungu liyan, sisihanmu ajaken mrene, semono uga Budi daktimbalane. Wis ta, aku mengko sing mutusi. Tanggung beres!”

Perkara esem, kanyatan ora mandheg ing perkara sisihane Pardi lan Budi. Pindhane jamur ing mangsa rendheng, pating brubul kana-kene

89