Kaca:Panjurung.pdf/109

Kaca iki durung katitiwaca

“Menika lho Nak griya ingkang majeng ngidul ngajengipun wonten taneman sekar ingkang kathah lan griyanipun cetipun ijem menika.”

“O, inggih Bu, matur nuwun.”

Sawise ngucapake atur panuwun mau Weny alon-alon banjur nuju omahe Hendy kang dituduhake, Weny banjur mlebu plataran omahe Hendy kanthi ati kang ora jenjem,

Nanging dhasar Weny bocah kendel lan ora cilik aten, mula banjur nothok lawang uluk salam. Saka njero keprungu swara mangsuli. Ora suwe lawang banjur katon menga. Hendy kaget sanalika weruh Weny kang saiki ana ngarepe. Sawise kekarone wis lungguh adhep-adhepan, alon-alon Hendy takon.

“Kowe karo sapa, Wen?”

Weny ambegan landhung, banjur mangsuli, “Dhewe, Hen. Karepmu kuwi piye ta, Hen? Aku ora mudheng.”

“Lha piye ta, Wen?”

“Kowe ujug-ujug mulih lan ora nganggo alasan kang ora kena diugemi."

Saka njero krungu swara watuk-watuk bola-bali.

“Kowe krungu dhewe ta, Wen, ibuku lagi gerah lan uga adhi- adhiku perlu dhuwit kanggo rapat sekolah," kandhane Hendy karo ndhungkluk, dheweke kelingan nalika biyen bapake isih sugeng, Ibune ora perlu nyambut gawe direwangi adus kringet kanggo nyukupi kabutuhane kulawargane, Weruh kahanane kaya ngono kuwi Weny anggone arep nesu banjur diwurungake, dadi ora sida nesu. Weny rumangsa kleru ndakwa Hendy sing ora-ora.

Sawise ngobrol ngalor-ngidul ora karu-karuwan Weny banjur takon, “Ana apa, Hen ora ana kutha wae?”

“Ngene ya, Wen, sejatine urip ana ing ndesa apa ana kutha iku padha wae, kowe rak ngerti ta, ing ndesaku iki wis akeh para pemudha kang ninggalake desa iki” pangucape Hendy karo mesem, “menawa pemudha-pemutiha padha lunga kabeh saka ndesane banjur sapa sesuk. sing arep bangun desa iki?”

“Nanging Hen, kowe ing ndesa iki arep nyambut gawe apa?”

“Wen, kabeh gaweyan iku apik angger ora nerak saka aturan, arepa mung macul ana sawah nanging iku rak ya gaweyan kang apik, ta?”

95

4