Kaca:Panjurung.pdf/111

Kaca iki durung katitiwaca

OMAH CILIK SUMBER SETAN Sofwan

Mas Brata, Yu Juminah, Mas Parjo, Mas Suyadi, lan Pak Jayadi padha mbrebes mili ing ngisor wit pelem. Wong-wong mau karo mlaku dingkik padha pating klesik. Wose padha welas marang “bapak” sing dadi diuyab sisihane ing omahe Pakdhe Marta iku,

Tangga-teparone Pakdhe Marta padha ngerti Jan meruhi kabeh adegan gelut antarane “bapak””lan “ibu ing omah cilik iku, Jalaran sanajan omah iku cilik lan manggon ing desa, nanging njerone padhang kencar- kencar awit mentas wae ditukokake mesin diesel dening “bapak”.

Yen lawange omah iku dibukak, kabeh sing lagi nganakake adegan ing njerone omah iku bisa diweruhi saka njaba. Luwih-luwih saka omahe Mas Raharjo, sing manggon adhep-adhepan karo omahe Pakdhe Marta.

Wektu iku “bapak” lagi lungguh neng kursi. Astane karo diselehake ing sirahe Ermawati. Sing kiwa kanggo ngganjel sirah kang diturokake ing pangkone. Dene sing tengen kanggo ngelus-elus rambut, kebak rasa asih.

“Ayo, mlebu kamar, Pak,” ngono Ernawati bisik-bisik.

“Sik ta, isih sore wae kok. Aku mengko nginep kene kok. Wong aku pamit rapat nyang kabupaten!”

“Masiya ngono, penak neng njero, Nek” neng njaba mengko diinceng uwong.”

“Sapa wani nginceng? Aku rak bapake wong sakalurahan.”

“Masiya ngono ... ahh ... asyiiik.”

Ernawati ngguyu-ngguyu, terus mlayu menyang njero kamar. Kanthi mesem kumrungsung “bapak” nguber. Sedhela engkas kamar ngarepan iku ditutup saka njero. Weruh kaya ngono, “ibu?” sajake wis ora kuwat nahan bruwaling ati. Mencolot ngeget, myerang omahe Pakdhe Marta.

“Asuuu!” ngono swarane “ibu” histeris.

Krungu swarane wanita sing diapali iku, Ermawati bukak lawang terus mencolot mlayu metu. “Bapak” sing wis kadhung nyoplok sepatu, klambi, lan kethune, ndhredheg wel-welan ana ing kamar iku. Lawang

97