Kaca:Panjurung.pdf/115

Kaca iki durung katitiwaca

bubaran pamit bali yen wis cukup kaperluane. Bapakmu ora banjur bali. Adhine bapakmu, sing jeneng Jenar iku seneng main, uga bapakmu. Mulih saka asok tukon mau banjur lunga menyang Kemetiran, Bareng-bareng padha menyang papan maksiyat, ngubengi meja mainan. Bapakmu, lan adhine bapakmu kalah maine, Dhuwit entek ludhes. Suwe-suwe apa sing cumanthel ing awak mbaka siji katut. Kalung karset ke gadhe, jam bandhul mlebu asrama, nganti klambi, jarit, lan selope kabeh dipadhekake ing papan kono.

Kakang adhi apes jayane kabeh, ora ana sing nguthut menang. Wayahe durung tengah wengi, bapakmu banjur turu ana papan cedhake wong main kono. Embuh adhine ora dipikir. Ketoke isih ana meja mainan sijine. Sajake isih bisa nerusake main, Kang digagas bapakmu, sesuk- esuk ora bakal bali mulih, arep minggat menyang ngendi parane embuh. Sebab ngentekake barang silihan ora bakal bisa mbalekake,

Ora krasa banjur, “leeesss...” keturon. Ing sajroning turu mau bapakmu ngimpi dibandhemi tai, nganti gluprut awake. Ambune adhuh theng-thengan. Kanthi mangkono bapakmu banjur nglilir anggone turu karo isih muni-muni, “Kurangajar wong jare dibalangi tai!” Sing padha main padha kaget, lan noleh,

“Ana apa kang Joga bengok-bengok?”

“Heh, aku ngimpi ta, jam pira iki?”

“Tengah wengi turu maneh bae, pa main meneh, wuda kathoke digadhekake,” pangecene bangsat-bangsat iku.

Bapakmu banjur ninggal papan iku, lan tekan cedhak pager nyamar barang rada abot, jebul kanthong isi dhuwit. Gage bali menyang papan mainan. Ndilalah ana sing medhot kentekan dhuwit. Tatrap main meneh, dhuwit sing ana njeron kanthong mau dadi tikel-tikel akehe. Kabeh padha entek ledhis dhuwite padha kegaruk dening bapakmu. Kalung karset, jam bandhul, jarit klambi, lan selop kabeh bali maneh. Bapakmu banjur mung njupuk dhuwit pawitane, Liyane didum diwenehake marang sing padha kalah main.

Mardi dheleg-dheleg krungu dongenge Joga, bapakne. Mardi uga arep mari anggone seneng domino sanadyan cilikan. Mardi angles karo

nggagas-nggagas...

101